Sabtu, 20 Agustus 2011

Review Pak Bodo (Bukan bodoh)


"PAK BODO" bosone wong kalongan, apak bodo (menjelang lebaran).
nek wes wayahe pak bodo, kalongan rame, sesek ndalan-ndalan wong-wong do metu ning toko-toko mlebu metu. Ono seng nyacak-nyacak sepatu, klambi, rok yo seng akeh nek duwete nyandak yo tuku. Toko jajan juga rame, do tuku roti kalengan, sirup, gandum nggo nggawe jajan toplesan dewe, ono macem-macem. Pasar senteleng / banjarsari opo maneh, saben esok seseke ora jamak kabeh wong do tuku nggo siap-siap bodo.
Seng paleng seneng yo jane toko-toko cino, yo lumrah jugak si, wong sing nduwe toko akehe wong cino. Wong jowone sing duwete akeh (mboh dek ngendi) podo ngetokke duwet. Nyandak ora nyandak pokoke kudu tuku jajan toplesan karo klambi anyar.
Wong kidulan do metu, dek mbuaran, dungwuni, kabeh do teko neng sriratu, matahari, borobudur. Kuwi seng duwite turah-turah. Lha nek seng pas-pasan yo neng alon-alon opo thr simpang lima nek ora ning pasar bae.
Wong kalongan..wong kalongan, uripe angel po'o nek pak bodo biso bae, ono bae. seng maune uripe kangelan, nek pak bodo kok bisa ono. Alhamdulillah. Lha seng dek jakarta opo bekasi opo kota liyane do teko. Terus warung-warung mangan rame, padahal isyek poso tapi mangklihe do ora poso. Seng do mudik mbuak duwite neng kalongan, wes pokok-e pak Basyir dadi seneng pendapatane wong kalongan nek koyo kiye dadi akeh.
Mbiyek ono beskop rahayu - fajar neng kono sebelahe ono warung soto carlam trus dol es campor, tapi saiki wes ora koyo maune, nek maune apak bodo ramene pok. Nek neng alon-alon ono garang asem masduki...jerene saiki ono meneh pasar tiban, pasar seng pindah-pindah nggon, mulai nek sore sampek mbengi, nis...fanis piye nis kabare, kowe seng ngoordinir "pasti" (pasar tiban) ramerak saiki......wah enake nek muleh neng kalongan pingine ora bali meneh neng jakarta.
Dadine langgar-langgar, mesjid-mesjid mangklih do sepi, nek pak bodo wes dadi langgaran, do bolong tengahe, do ora traweh, podo jalan-jalan ndelok-ndelok dol klambi karo cuci mata. Padahal kalongan kuwi nek wayah rajaban, muludan, kabeh do ngada'ake pengajian, langggar kampung, mesjid rame ngundang-ngundang kyai. Pemrintahe ngada'ake pengajian, pulisine juga ngada'ake, habib-pe opo meneh, ngada'ke gede-gedean, kyaine, kampunge, wes pokoke rame ne pok pengajian nang ngendi-ngendi ora....... tapi........ yo ngumpluk tauhid-te neng cangkem tok, sampek sa'iki ora ono hasile, ora mlebu neng ati, ora ndadekake "wajilat qulubuhum", ora ndadeake nambah iman nek wes diwaca'ake ayat-ayat Allah. Buktine akhire wet mbiyek sampek saiki nek mulai tengah-tengah poso sepi ora do traweh.
Nek jarene almarhum ustad Yahya, muludan-mulutan mulut ketan, cangkeme isine ketan, soale nek pengajian, usume do mangan jajan, biasane ketan......ojo jengkel raaaaaa......... aku kan crito kampungku, kotaku, kenanganku.
Terus biasane ono zakat beras dibagekke sak trek, kuwi mauni isik ono bos Kamaludin mhoh saiki bos Tris isik neruske ora. Nek pak bodo koyo kiye, neng kampong arab rame wong-wong mlarat karo seng ngaku mlarat do antri nyjaluk zakat. Walikotane ngundang kyai-kyai sak kalongan kumpul buka bersama trus dibageni duwet karo sarung. Seng dnuwe gajah duduk juga ngundang kyai-kyai mangan buka bersama neng ngumahe, tapi di pisah, nek wong biasa ono jadwale dewe. Lha co'e saiki partai-partai rame do ngundang buka bersama nek wes meh bar posone.
Nek cah-cah kuliah, opo seng wes sukses, do nggawe reuni, do kumpul, ngudang-ngundang koncone, ono seng kangen-kangenan, ono seng nggawe bisnis, ono seng pamer kesuksesane yo macem-macem.
Pokok-e macem-macem mbhoh sampek klalen opo meneh seng tak tulis.....

Ramadhan ...Merdeka...Lebaran

Benarkah kita sedang ber-puasa Ramadhan?

Benarkah kita sudah Merdeka?

Lebaran......untuk siapa.....?