Rabu, 03 Maret 2010

WAH Rame Nonton "Sinetron Century"

(Bahasa kalongan)


Konco-koncoku wong kalongan, ndelok sinetron neng tv rak, ramene pok kowe, ono ngotot-ototan ngomong, ono patak-patakan aqua, ono patak-patakan watu....pokoke ramene pok.
Tapi katoke isik ber-seri lawong etok-etoke sidang ditutup barang, padahal wakil-wakil liyane ora ono seng setuju, anggota ora dike'i ngerti...aturane kan koyo kuwi tapi katoke memang koyo iyo-iyoho...nek ndewe ora tahu mboco buku, ndelok koyo kae yo mesti ngandel, mesti melu kuatir..... nah wong-wong bodo paleng akeh sak indonesia kiye ra seng dadi korban... lha wong koyo kae ok. MESTI....pokoke wong bodo mesti percoyo temenan ndelok kejadian neng tv sidang century.
Lha nek ndewe kan.... wong ngerti...dadi ora iso diapusi ra...ha'ah pok
Seng jelas wong gedi seng etok-etoke tukaran neng sidang dpr kae, bayarane gedi...sidange be sidang paripurna, nginepe neng hotel mewah, mangane ora bakal tahu tempe gereh opo maneh kluban ha'ah kan...? terus isik diteruske maneh yo oleh amplop maneh raaaa. Lha bumbu-bumbune wong wong seng titele s2 s3 kon ngomentari diluar sidang, etok-etoke ora seneng, ora cocok pendapate karo kelompok seng ora podo....padahal nek dipikir wong-wong kabeh kae ora iso noto negoro, ora iso ngatur negoro, ora iso mimpin opa maneh mewakili....nah nggo ngalehke perhatian, etok-etoke serius tukaran, padahal isik maen sinetron otok.
Heh konco-konco wong kalongan, kowe nek mangan, kowe nek kerja, kowe nek nek nyekolahke anak, kowe nek tuku-tuku...opo kuwi kabeh dibayari karo wong-wong gedi seng nang kono kae...opo, ndewe nek kangelan urip opo dibantu karo wong-wong gedi seng nang kono kae... ndewe nek pak opo-opo, opo digampangke karo wong gedi-gedi kae.....nek menurutku yo ora...ndewe urip yo urip dewe, susah yo susah dewe..... luru duwit yo luru duit dewe...trus opo hubungane wong-wong gede kae karo ndewe...? yo soale dek maune wes kedarung ora mbener ya sampek saiki bales-balesan otok ra....mumpung iso munggah menduwur yo aku pak sak karepku dewe...tapi priye carane men kiro-kiro rakyat bodo-bodo iso diapusi. Yo kuwi wes 'badokane' koyo kuwi (sori rodo semremeng kiye nogomnge).
Heh konco-konco kalongan deloke bae ho...bakale dame otok dame....lha pak priye maneh....tapi nek soal etok-etok kuwi wes jambalane..mengko ono seng etok-etok di penjara...padahal...men istirahat otok...mangan tetep enak...duwit malah tambah.
Trus ono seng etok-etok dipencat jabatane...ono seng katoke neng-nengan..ahhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhh sandirawa otok.

Tidak ada komentar: